Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda,

إنَّ طُولَ صَلاَةِ الرَّجُلِ وَ قَصْرَ خُطْبَتِهِ مَئِنَّةٌ مِنْ فَقْهَهِ

“Sesungguhnya panjangnya shalat seseorang dan pendeknya khutbah merupakan tanda kedalaman fiqihnya.” (HR. Muslim)
TEMA BARU
Loading...

SEDEKAH ING WULAN RAMADHAN

SEDEKAH ING WULAN RAMADHAN
 
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ... 

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.

 

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Mangga kita samiya tansah  netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon,  nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan tha’at dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, bade kabika keberkahan saking sedaya arah kalebat saking bumi lan langit, Allah mila sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِم بَرَكَاتٍ مِّنَ السَّمَآءِ وَاْلأَرْضِ
"Sekirane penduduk negara iku pada iman lan taqwa, yekti mesti wae tak bukak barakah sangka langit lan bumi”. (Q.S. al-A'rof : 86). 

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……

Wulan Ramadhan sampun lumampah sak wetawis dinten, Ramadhan menika bebasan tamu ingkang rawuh dateng kita sedaya mbeta bebingah, barakah, faedah lan kesaenan kesaenan ingkang katah. Sampun sak mestinipun tumrap kita minangka tuan rumah ingkang nampi tamu menika, ngaturaken pakhurmatan ingkang laras kaliyan kamulyanipun tamu. Estunipun kagem ngurmati kamulyanipun wulan Suci Ramadhan punika kejawi ingkang wajib inggih Shiyam setunggal wulan, nanging prayogi kita nindakaken amaliyah amaliyah sunnah sanesipun kagem nggayuh kasampurnanipun ibadah shiyam kita. 

Mekaten ugi kita nyegah lan nilar sedaya lampah awon ingkang saget nacataken utawi nrgisakaken dateng ibadah kita. Ibadah sunat ingkang prayogi kita tindakaken katah sanget sami ugi ibadah ibadah mahdlah ingkang sesambetan kaliyan Allah, kadosta shalat shalat sunnat, tadarus Al Qur’an, ngatahaken dzikir lan do’a, I’tikaf lan sanes sanesipun. Menapa dene ibadah ingkang anggadahi dimensi sosial, kadosta silaturrahmi, melasi dateng sesami, tulung tinulung, ngatahaken shadaqah lan sanesipun. Punika sedaya sanget dipun anjuraken ing sak lebetipun wulan Ramadhan punika.

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……

Katahipun masyarakat kita wonten ing saklebetipun wulan Ramadhan punika sami ngedalaken shadaqah ingkang arupi tetedan, langkung langkung kagem mbukani sederek ingkang sami shiyam,  ingkang mekaten jumbuh kaliyan dawuh Nabi :

مَنْ فَطَّرَ صَائِمًا كَانَ لَهُ مِثْلُ أَجْرِهِمْ مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ أُجُورِهِمْ شَيْئًا

 “Sapa wonge menehi buka marang wong kang pasa , mulo deweke oleh ganjaran kaya ganjarane wong kang pasa mau, kanti tanpa ngurangi sitik wae  ganjarane wong kang pasa” (HR Tirmidzi, Ibnu Majah dan Darimi. Hadits meniko dishohihkan oleh Al-Albani)


Kautamaanipun ageng sanget menawi kita sedekah. Kados dawuhipun Rasululloh:


وَالصَّدَقَةُ تُطْفِئُ الْخَطِيئَةَ كَمَا يُطْفِئُ الْمَاءُ النَّارَ
Sedekah kuwi memadamkan dosa padha karo geni bisa dipadamke karo banyu

(HR. Tirmidzi no. 2616 dan Ibnu Majah no. 3973)

Sak rupi rupi pengadatan   punika    tetep lumampah sae ing masyarakat kita, sinaosa wonten ing kondisi  ekonomi sulit, amergi reregan kabetahan pokok sami mindak selangit, ananging umat Islam sami entheng lan ikhlash nindakaken dawuh menika. Pancen wonten pangandika ingkang sanget nggigah semangat ibadah  kita, bilih miderek setunggaling dawuh hadits swarga punika sanget branta lan kangen kaliyan tiyang werni sekawan. Salah setunggalipun inggih punika :
مطـعـم الـجـيـعـان
“Wong kang aweh pangan marang wong kang kaluwen”.

Kita maklum bilih saben sonten menjelang buka katah umat Islam sami kempal ing papan papan tertentu, kadosta wonten ing masjid, mushalla, langgar lan papan papan sanes, sedaya sami shiyam, kangge nengga dumuginipun wekdal buka sami kempal ngawontenaken majlis ilmi utawi pengaosan, tentu kemawon majlis menika kempalipun tiyang ingkang sami luwe. Mila pengadatan lajeng kanti gilir gumantos saben dinten wonten kemawon ingkang maringaken shadakah kangge mbukani sederek ingkang sami kempal nandang luwe punika. 

Kebiasaan mekaten sampun mbalung sungsum tumrap masyarakat kita amergi   yakin sanget bilih banda ingkang dipun ginakaken kagem shadaqah punika tentu bade dipun gantos dening Allah kanti tikel matikel. Jalaran Allah mila sampun paring dawuh :

وَمَا أَنْفَقْتُمْ مِنْ شَيْءٍ فَهُوَ يُخْلِفُهُ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الرَّازِقِينَ
“Lan apa wae kang sira infaqake saka bandamu, mangka Allah mesti bakal ngganti, Lan Allah iku Dzat Kang luwih becik becike kang paring rizki” (QS. Saba’ : 39).

أقول قو لي هذا واستغفروا الله لي و لكم إنه هو الغفور الرحيم.

Khutbah 2
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Wusananipun kita sami nyuwun dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala, mugi mugi sedaya amal ibadah kita tinampia ing ngarsanipun Allah pikantuka lelintu ganjaran saha karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Pinaringana kekiyatan dhohiron wa bathinan, saget nindakaken kwajiban shiyam  kita ngantos dumugi paripurnanipun wulan punika  kanti sabar, ikhlas lan ridla. Wekasan pinaringana khusnul khatimah. Amiin.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
 اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. 
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِن قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنتَ مَوْلاَنَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ


رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ


رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

0 komentar:

Posting Komentar