Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda,

إنَّ طُولَ صَلاَةِ الرَّجُلِ وَ قَصْرَ خُطْبَتِهِ مَئِنَّةٌ مِنْ فَقْهَهِ

“Sesungguhnya panjangnya shalat seseorang dan pendeknya khutbah merupakan tanda kedalaman fiqihnya.” (HR. Muslim)
TEMA BARU
Loading...

KULTUM RAMADHAN JAWA | WASIAT 1 : SHOLAT TERAKHIR


إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  اَمَّا بَعدُ: 

Jama’ah ingkang minulyo,

Kaping sepindah monggo kita tansah ngaturaken puji dalasan syukur kito dumateng ngarso dalem Alloh subhanahu wa ta’ala inggih ingkang sampun paring limpahan nikmatipun dumateng kito sedoyo sahinggo ri kalenggahan dalu puniko kito seget makempal manunggal wonten masjid ingkang kito tresnani meniko saperlu nindakaken ibadah manembah dumateng Alloh. Saking shalat isya’, shalat tarawih, saha sholat witir sarto dilajengaken pangaosan. Mugi-mugi ibadah ingkang sampun kito tindakaken meniko dipun tampi Alloh dados amalan shalih ingkang saget berataken timbangan kesaenan sak mangke ing yaumul qiyamah.

Jama’ah shalat tarawih ingkang dipun rahmati Alloh,

Dari Abu Ayub Al Anshari radhiyallahu ‘anhu, dia berkata:

جَاءَ رَجُلٌ إِلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَالَ يَا رَسُولَ اللَّهِ عَلِّمْنِي وَأَوْجِزْ قَالَ إِذَا قُمْتَ فِي صَلَاتِكَ فَصَلِّ صَلَاةَ مُوَدِّعٍ وَلَا تَكَلَّمْ بِكَلَامٍ تَعْتَذِرُ مِنْهُ وَأَجْمِعْ الْيَأْسَ عَمَّا فِي أَيْدِي النَّاسِ

Tiyang kakung memoni Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam lajeng wicanten: “Ya Rasulullah. kula nyuwun wicanten ingkang ringkas.” 
Lajeng Rasululloh paring dawuh : 
1. yen kowe ngerjakne sholat, mula sholata kaya sholate wong sing arep perpisahan (donya). 
2. Aja ngomong karo siji ukara sing esoke kowe arep njaluk maaf amarga ucapan kuwi. lan 
3.Akehna rasa putus asa tumrap apa sing ditangan wong liya 

(Hasan. Dikeluarkan oleh Ahmad (5/412), Ibnu Majah(4171), Abu Nu’aim dalam Al Hilyah (1/462) Al Mizzi (19/347) dan Lihat Ash Shahihah (401)) 

Wasiat ingkang sepindah injih puniko Supados anggen kito nindakkaken shalat, dipun tindakaken kanti sempurna lan bertekad kiat kagem nindakaken sak sae saenipun. Tansah mahasabah diri saking sedoyo shalat ingkan kito tindak aken soho nyempurnakaken sedoyo kewajiban utawi sunnah-sunnah saklebetipun shalat. Lan ugi kanti saestu wonten ing manah bilih shalat kang dipun tindakaken meniko ngadep dumateng Alloh Rabb semesta alam. Tansah tunduk ing sedoyo posisi shalat kados, nalikanipun jumeneng takbiratul ihram, ruku’, sujud. 

Kanti manah ingkang khusyuk, semangat anggen nindakaken shalat, kito icalaken sedoyo pikiran-pikaran urusan dunia. Menawi taseh wonten pikiran urusan dunia kados pikiran facebook, chattingan wa, twitter meniko kito supekaken, kito icali supados kito saestu focus kagem shalat ngadep dumateng Alloh. Lan ugi kito anggep shalat ingkang kito tindakaken punika sholat tiyang ingkang badhe pejah utawi seolah-olah mboten badhe sholat malih sasampun punika (amargi wafat). 

Sampun kito pahami, bilih tiyang ingkang bade pejah mesti bakalan temen temen saestu berusaha mencurahkan sajangkep daya upaya supados shalatipun sempurna. Injih menawi kito saget nerapaken nalikanipun kito shalat, shalat kito bade khusyu’ lan membekas wonten ing manah. Shalat kados mekaten meniko dados pencegah saking akhlaq ingkan awon lan pendorong akhlak ingkang terpuji. Lan ugi nambahi iman, katentreman ing manah. Jamaah ingkang mugi tansah dipun mulyaken Alloh. 

Shalat gangsal wekdal meniko wajib kito tindakkaken ampun ngantos dipun tilaraken, lan ugi monggo saklebetipun kito shalat sunnah kados ingkang sampun kito lampahi wau inggi shalat tarawih, witir kito tindakkaen kanti manah ingkang khusyu’ sahinggo saget kados ingkang Rasulloh wasiateken kala wau. Nalikanipun kito shalat kito hayati lan kito tebihi sifat” cepet cepet ndang rampung”. Shalat kito tindakaken kanti tenang kados kados meniko shalat terakhir kito. Kito mboten mangertos punopo sakbibaripun meniko kito taseh sget ngibadah malih punopo mboten. Awit ajal meniko mboten wonten ingkang saget memprediksi kapan dumuginipun. 

Insyaa Alloh kito lajengaken malih ing sanes wekdal.

Mugi mugi kito sedoyodipun paring kesempatan kagem ningkataken kesaenan lan kito dadosaken ramadhan taun meniko awal saking perubahan dados tiyang ingkang langkung sae tinimbang tahun ingkang sampun kapengker.Aamiin

Damel ketupat tambahi santen
Menawi lepat kulo nyuwun pangapunten


Bersambung....

0 komentar:

Posting Komentar